Selasa, 27 Oktober 2015

Cerita parodi


CERITA PARODI

Novembermelaluiselulermama : "anaku... nek ws gede pengin dadi apa?"anak : "mm... dadi pramugari ma..."mama : "hus... aja... ura ulih.. liyane kue.."anak : "hhmm... dadi polwan... ulih ya ma.."mama : "eeh... aja dadi polwan... mama ura setuju..."anak : (kambi madan nangis) "hikz... ya... ya...dadi ibu rumah tangga bae kaya mama... hikz.."mama : (kambi ngusap pipine anake)"anaku sayang... cup cup cup... mama ura setuju nek ko dadi ibu rumah tangga, apa maning pramugari lan polwan... sebabe kueko bcah lanang... duwh bambang... bambang..."@&*%@?,;**&#/17 NovembermelaluiselulerBK : "selamat pagi dengan warkopmentah cilongok disini, dengan siapa saya berbicara?"IB : "waduwh... ws gaya siki ya... selamat pagi juga.. hehe... inyong bae kie... warkopmentah si artine apa? kayong maentemen..."BK : "eh mas inyong.. hehe.. warkopmentah kue sngkatan dari warung kopi, mendoan dan tahu.. jhand.. ra gaul bnget ko tah... rep pesen apa?"IB : "owh.. top lah siki ws ana delivery ordere, dtmbh jneng perusahaan sing maen.. hehe.. rep pesen kopi 1, mendoan 3ewu karo gudmere sbungkus.."BK : "hehe... ya kudu... ws profesional si.. oke.. siap dikirim,,, 12.500 ditmbah ongkir dadi 15.000..."IB : "oh... ya bgus kueh... oke... deal ya..?"BK : "oke deal, dkrim nggon biasa mbok?"IB : "ya sip, dkirim mring kntorku bae.."BK : "jhand... ws dwe kntor si ski? maen juga yah... mange kantore nengdi?"IB : "alhamdulillah.. lagi tugas luar kota kie.. neng bumiayu... hahaha..."BK : "sih lah.. kelembon gareng jere... jepreti karet ngeneh lambene... !!!!"IB : "hahaha.. sadis temen..."17 NovembermelaluiselulerRichard : "hallo... sro.."usro : "hmm... na pa wengi2 telfon? wayaeh wng turu, ws lg ngmpi kye mki, ana apa jane??"richard : "sory sro.. aku kur rep takon"usro : "takon apa?? aja akeh2, rep tek terusna ngmpine kyeh.."richard : "ko ws ngantuk apa urung?"usro : "oo... semprul..!! ganggu bae..!!"tut... tut.. tut...(1 menit kemudian)richard : "halo... sro.."usro : "apa?? krang gwean tmen gangguni wng turu..!!"richard : "leh.. kalem sro... ak dwe kbar kye"usro : "kabar apa?"richard : "kabar aktual sro... pokoke ko bkal kaget nek krungu.."usro : "lha ya kabar apa???"richard : "kabar bahwa siki wis wengi, wayaeh wong turu.."usro : "oo.. wedhus ko pancen...!!!"tut... tut.. tut...18 Novembermelaluiselulerrichard : "sro.. ngerti ura.. ko kue agi esh cilik sering banget dlomboni neng biyunge karo tangga2ne nin..."usro : "hah.. apa ya si?? tega bnget dneng.. apa mangkin tampangku elek ap ya?"richard : "elek tah anu gawan kwit lair ko tah.. haha... iya temenan sering dilomboni.."usro : "asem... priwe goli nglomboni.."richard : "cntone nek ko tiba.. kedebuk..!! bukane langsung ditulungi,eeh... malah dilomboni disit... 'kodoke mlayu.. mlayu ngendi ya??' kadang nek ko nangis malah tambah2 goli dilomboni, kayong maksa maning.. 'ayuh digolet kodoke mlayu ngendi... mlayu ngendi ya??' kaya kue.."usro : "owh ya ya.. jane mamake dwek tkang nglmbo ya... tega yakin.."richard :"mulane aja gumun nek jaman siki akeh anak pinter nglomboni mring wng tua.. nu ws de didik nglmboni kwit cilik si.."usro : "hmmm.."richrad : "ham hem ham hem.. ngemut kodok apa??"usro : "sih... lah.."18 Novembermelaluiselulerrichard : "sro... setaun kue ana pira wulan?"usro : "ya rolas kowh.. mentakan kon mundak dadi 13 si?"richard : "haha... kaya sembako bae yoh.. tapi ko ngrti ura, ana salah siji wulan sing diarani wulan kebangkitan"usro : "hah?? apa iya? ak ura ngerti kueh, kayong medeni temen.."richard : "iya temenan, pokoke marekna pada bangkit.. hii..."usro : "iih... wulan apa si ri? kayong penasaran nyong.."richard : "wulan guritno mlaku2 neng pasar nganggo bikini..."usro : "syeeeh busyeeh... asyem... trus apane kue sng bangkit??"richard : "ya pikir dwek... hahaha.."18 Novembermelaluiselulerrichard : "sro... pda fban yuh.. "usro : "lah.. beh.. ak tah ra sneng fban.."richard : "lha pwe c??"usro : "bebeh lah.. anu ra mbetaih... "richard : "ra mbetaih pwe? rep golet pcar ana, btir y akeh.. glet bjo be bisa.. kurang ap jal?"usro : "lha kue ri,, ak kue ra btah fban, dela2 pemberitahuan, anane beranda, dinding, inbok,, langka pemberi uangan apa pemberibaksoan, mblenger dnei tahu bae nin... maningan langka dapur apa pedangane,, anane beranda, dinding kro inbok.. ya mbok??"richard : "oo... dasar udik...kamseupay ko tah.."19 Novembermelaluiselulerusro karo richard lagi medang kopi kro mendoan neng mburitan, kebiasaan saben esuk. disambi ngempani ayam, richard aseng bedek2an...richard : "sro... menurut penelitian, ayam kue menempati urutan ke 2 kategori hewanterkenal sng paling sering disebut2 menungsa"usro : "hah... jere sapa kue? maen temen..pwe kue crtane?"richard : "jere inyong.. hehe... dadi kya kye.. ko toli ckan menangi nek wongkesuh cokan nyebut2 kewan, nah ayam kue menempati urutan ke 2 tes-e kewan sng pertama mau.."usro : "owh... si gug gug apa? 'ndog *su..!!' kya kue?"richard : "nah... kue pnter dneng.. ana mning, ayam jga unik, jajal sbutna slah sjine tentang ayam sng nek dsebut ura nganggo kata 'ayam' tpi ws nunjukna bhwa kue skang ayam.."usro : "hmm... ya ya... anu.. kiplik.. hehe.."richard : "salah... bsa kiplik ayam, ana ktaayame"usro : "hmm... wulu..."richard : "wulu ayam.. we.. salah.."usro : "apa c? nyerah lah..."richard : "sing bener ya tembelek, ws msti tmblek kue skng ayam mbk? ndi ana jal tmbelek sapi? wedus?"19 Novembermelaluiselulerusro : "ri... cpa kue leh... pcrmu apa? kenalna lah...?"richard : "hehe.. iya kyeh.. knalan dwek ngnoh.."usro : (kambi salaman) "ak usro mba.. hehe"riska : "hmm.. riska.. "usro : "lengkape sapa mba..?"riska :"mariska.. mariskarang kita heppi... hehe... "usro : "haha... lucu temen jnenge.."riska : "hehe... mtrnwun"usro : "masama,, eh.. bdw rep mring ndi pada?"richard :"lha kye rep mring RS.Margono.."usro : "wuih.. perhtian tmen ko ri... pcre knangpa c?"richard : "lah ya ws kudune..."riska : "jane q bebeh kn mring Margono mas, tapi ms richard meksa bae.."usro : "lah.. y ja bebeh.. wng dperhtikna koh, mlah sneng kdune.."riska : "iya c mas, tpi ak isin.."usro : "isin pwe? mlah kudune bngga dwe pcr prhtian ky kue.."riska : "lha wng anu lara sepiraha ora bkoh ndadak mring RS. Margono"usro : "mange lara knangpa c?"riska : "wudunen mas.."usro : £[>(£]]]@*?;'*""#@@*"**19 Novembermelaluiselulerrichard : "sro... ngko mbngi ana film.."usro : "film apa?"richard : "ksenenganmu... jekicen.."usro : "weeh.... temenan apa? aku pling seneng filme jekicen ri,, cz aktinge kue apik bgd, cok nantang maut, kdang jga ura nganggo peran pengganti.. sip lah pokoke..."richard : "apa ya c sro?"usro : "duh jhand.. ra gaul bgd ko tah... eh.. filme kapan kue? nengdi??"richard : "hehe... ngko bengi neng RRI.. "usro : "sih lah.... asyeem..."==================================usro : "arep gawe cerita apa ya?"cuplis : "ya yong... bingung yakin..."usro : "tuan richard yang terhormat maring ndi kye cup?"cuplis : "udan2 kya kiye ya lagi indehoi karo bojone ndean... hahaha.."usro : "iya yong... lagi anget2an kayane.. nguwel kaya kucing katisen.. hahaha.."cuplis : "hahaha.. pating kruwel ndean yong,,, eh,,, jajal di sms sro.."usro : "arep kiye.."(message)usro : lagi ngapa udan2 kaya kye bro??richard : ya mbuh.. ya.. pengin tau aja lu.. heheheusro : leh,,, serius kye.. lagi ngapa koh?richard : kasih tau ngga ya??usro : asem ko lah.. lagi anget2 mesti...richard : deneng ngerti?? ngintip ko yah??usro : ya mbuh ya,,,, hehehe.. anget yong ri,,,richard : ooo.. ya mesti... pengin??usro : hehehe.. ora lah... rung wektune... ceritakna bae ya kena... hehehe..richard ; hmmm.... ya ws... kyeh.. lagi anget2e sro... jhand,,, kambi thongkrong maning..usro : hah?? top temen kue?? terus.. terus,,??richard : wis mumbul-mumbul kyeh.. kayane dela maning metu...usro : wahhh... panas banget mesti... metu apane kue ri??richard : banget lah... ya metu putih2e... terus tek ulek2... ngko terus pindah...usro : aduh aduh,,,, terus??richard : ngko gari tek ganjel..usro : deneng diganjel... kon piwe kue??richard : ya kon banyune aja mumbul... ngko malah ora dadi..usro : owh.. apane sing ora dadi sro??richard : ya.. segane.... lha apa si??usro : lha... mange rika lagi ngapa??richard : lagi liwet sro.. gawe sega.. ujare silagi ngapa??usro : oalah,,,, ujarku .....Senin, 26 November...Usro lagi dolan nggone richard, macani buku neng mbale..richard dewek lagi sibuk dolanan leptop, gim3an, berhubung lagi pada puasa dadi wong loro kue pada ora dolan kaya biasane..pada nengumah bae...cuplis tah lagi smsan bae karo cewene, anu tes olih kenalan wingi sekang fb..Usro : "aduh... deneng sirahku lara ya ri? jhand.. mod-modan kyeh..."Richard : "aku be madan kohkyeh.. "Cuplis :"lehh... lara koh pada kompak temen.. sabar.. tahan bae.. gari 3 jam maning ikih bukane.."Usro : "tambah ora karuan koh cup.. aduh pimen kiye?? Yaa Alloh..."Ijig-ijig richard maring kamar, glathakanmbuh nggoleti apa,,,ora let sue richard maring mbale maning kambi nggawa gelas karo Bodrex...Richard : "Alhamdulillah aku ws nginum obat..."Usro : "lho... jere lagi puasa.. deneng nginum bodrex...??"Richard : "lha kue oke-ne bodrex... Bisa diminum Kapan saja.."Cuplis : "malah iklan... huuuwww... mubah mubah...."=====================================Sore2 tes udan, cuplis, usro kro richard lgi pda dopokan kambi ngntni wktu buka..richard :"ko pda tyeng bhsa inggris ora?"usro :"cuplis kue.. nyong tah ngrtine ailopyu tok.. hehe.."cuplis :"lah.. pa mning nyong, kur ngrtine de blusi tok.."richard :"kue tah bhsane dwek, deblusi alias dileboni.."cuplis:"lho,, kue bhsa inggris kang, artine laut biru,, the blue sea.. y mbok?"richard:"haha.. pnter jane ko yah.."usro:"pancen.."richard:"ngmeng2 bhsa inggris, ak dwe crta, ko pda ngrti maknane hruf O ap ora?"cuplis & usro:"ora.."richard :"kyeh.. hruf O kue djiot skng kta Opportunity sng artine Kesempatan, huruf O ora nana neng kata Yesterday, artne, ksemptan kue ora nana neng wktu wngi. lha neng kata Today, ana hruf O, artne, ksempatan neng dina kye kue esh ana. nekneng kta Tomorow, hruf o kue ana, akeh.. artine dina ngesuk kue esh akeh ksempatan.. dadi intine.. ko pada kue sng smangat goli njalani urip kye, aja ptus asa, tetep usha.. paham?"cuplis:"owh.. ya..ya.. paham paham.. pnterrika yo kang"==================================richard :"deneng ora sekolah cup..? malahklambrak klumbruk kya serbed.. pwe c??"cuplis :"lah.. males kang.."richard:"dneng males.. ap lg ana mslah??"cuplis :"lah mbuh koh.. hwane be2h.. dnei plajaran apa bae naha ya ura gdang mlebu utek nek ky kiye.."richard :"oalah.. gyeh tk crtani.. wong nuntut ilmu kue kdu pnter gwe suasana, pnter mbagi pikiran.."cuplis :"maksude pwe kang?"richard :"wongnuntut ilmu kue di ibaratna gelas bening.. sdurung dicori banyu,kudu bersih skang ktoran lan reged.. mudeng?"cuplis :"urung.."richard :"wng nuntut ilmu kue kdu brsih pkirane skang apa bae, dadi sdrung mangkat, ilangna kbeh msalah lan keruwetan pkiran, kn supayane dnei ilmu kue cpet mlebu.. jal dipikir... nek ana gelaskotor, wlopun disogi susu, ko gelem nginum ora?"cuplis :"ya bebeh.."richard :"nah.. smono uga pikiranmu.. nek mslahmu ora dbuang disit, dnei ilmu apa bae naha ya ora bkal mudeng.. paham?"cuplis :"owh... ya ya.. paham kang.. maturnwun wejangane.."=================================riska :"mas.."richard :"apa syang..."riska :"deleng kyeh..." kambi nidokna gmbar umah neng majalah.. "umaeh sderhana tapi apik yo mas, aku pengin dwek mbsuk dwe umah kya kye mas.."richrad :"hmm.. tipe pira c kue?"riska :"tipe RS2 mas.."richard :"owh... tnang syangku.. mbsuk tk tukokna sing tipe RS10..."riska :"tmenan mas??"richard :"iya temenan.. gampang kue tah..hehe.. "riska :"duh... mtrnwun ya mas.. aku ddi tmbh syaang... muuaach..!!"richard :"masama istriku..."riska :"ngmong2.. tipe RS10 kue sng kpwe mas?"richard :"ya sng lwh apik lan trjangkau.. sderhana juga..."riska :"aku seneng sng kya kue mas yakin... emange RS10 artine rumah sderhna y mas?"richard :"iya.. anu sngktan kue.."riska :"sngktan skang apa mas?"richard :"Rumah Sangat Sederhana Sampai-Sampai Selonjor Sama Suami Saja Susah Sekali..."riska:&+@*#!""'#&%?!+$+@##*&;#@#*=======================================Usro kro cuplis tes joging, lwat ngarep umaeh richard, mampir... "mbk menawa ana kopi..." mbatine usro.richard :"eh... tmben pda jging.. nyambi cuci mta msti kye pda.."cuplis :"hehe.. y mklumlah bch nom.. ya mbk sro?"usro :"yo..i.. kyong srius tmen gli mca koran dlenge, ana brita apa c ri??"richard :"lah mbuh kye, wca dwek nyeh"usro :"eeh.. ana kclakaan sepur dneng..??"cuplis :"iih.. iya.. jajal dwca sro..!"usro :"Minggu 25 novmbr, puluhan orang luka2,dan 8 orang luka berat, serta 3 orang meninggal dunia dalam kecelakaan kereta api jurusan purwokerto - pasar senen. menurut saksi mata, Tarjo (32 tahun) seorang pencari belut disawah mengatakan, kereta api tersebut melaju kencang dari arah timur dan terdengar suara "duaa..rr..!!" sebelum ahirnya kereta tersebut tergelincir dan terguling di swah. aparat kepolisian stlah melakukan olah TKP menyebutkan, kecelakaan terjadi disebabkan karena pecah ban.."cuplis:"oo... koran koplak judule... asem...!!"========================================richard ski uripe ws lmayan mapan, ora ketang dadi pgawe negri, juga dpercya dadi ketua RT, etung2 kena nggo nyalurnaniate, ngabdi mring masyarakat. riska sng dadi bjone jga ahire melu2 sibuk ngurusi kegiatan ibu2 PKK..sijine wengi seurunge mapan turu, riska curhat..riska : "pak.. aku rep njaluk tlung, tapi madan maksa kye.. hehe..."richard : "njaluk apa ma? gari ngmong insyllh tk kbulna.."riska : "tmenan pak??"richard : "insyalloh.."riska :"kyeh pak.. aku kepengin kuliah... aku isin nin nek lg kmpulan PKK, ibu2 lyane pda due titel dwur2, S.Pd lah... S.Ag lah... Dra.. nyong pkoke kdu kuliah pak, kpengin due titel jga nin.. isin mbok.."richard :"oalah.. ora usah lah... nggo ngpa.."riska :"lah.. ulih ya pak.. ngko jg ahire bpake mlu bngga dwe bjo wng kuliahan...!"richard :"hmm.. ora bisa ma.."riska :"bisa pak lah.. kdaran bsa dsambi ikih..!" (madan nangis..)richard :"kyeh ma.. mksde ura bsa kue, mamake nu lulusan SD, y ura bsa kuliah... skolh SMP kro SMA be urung koh kuliah.. pwe mamake lah.. "========================================akhire cintane richard ws keleksanan anane mbojo karo riska, neng panggung mantenan wong loro kue katon gagah lan ayu, kaya raja karo ratu, akeh wong pada seneng goli ndeleng, katon-katone serasi, pantes...2 month later...riska : "mas.. aku mau maca artikel neng majalah, ana tips sing bisa marekna ngawetna hubungan pernkahan... mengko aku karo njenegan nulis apa bae sing kurang disenengi sekangawake dewek maring pasangane""terus mengko gari dewek ngrubah apa sing kirane kurang sekang awake dewek.."richard : "aku setuju sayang..."wengine, richard karo riska turune pisahan, terus nyatet apa sing kurang sekang bojone... mbarang esuk... neng mbale tes sarapan, wong loro kue pada rempugan...riska : "aku disit ya mas..."richard : "monggo sayangku..."riska ngetokna telung lembar kertas, diwaca siji-siji.... kekurangan apa bae singkirane kurang sekang richard,, mbarang wis ulih selembar, richard kayong madan mbrebes mili... nelangsa...riska : "diterusna ora mas..?"richard : "terusna..."riska nerusna macane, ngasi rampung...riska : "siki gari njenengan mas,, monggo diwaos.."richard : "hmmm... aku ora nyatet apa-apa sayang.. anane dirimu, bagiku wiscukup, wis sempurna.. sampean wis ayu, apik, menurutku.. ora nana sijia sing ora apik menurutku..."riska kaget... ndengkul... terus nangis...masbro n mba bro...urip pancen angel, akeh masalah lan apa bae sing dirasa kurang, sebenere ora usah ngentong-ngentongna wektu nggo mikir hal sing kaya kue..urip kiye wis apik, akeh pengarepan, akeh kebutuhan, dadi ora usah mikirna hal-hal sing ora apik nek dewek teyeng nemukna hal sing nyenengna..sing pentig kue ya mayuh pada bersyukur karo apa sing wis dewek nduweni...(moga ana manfaate)=======================================neng umaeh richard, usro, richard karo cuplis lagi dopokan, tes nonton sinetron...usro : "ri... pwe yoh.. urip koh rasane kayong abot temen... nyong bingung rep njalani urip, wis ra karuan rasane, masalah wngi ws rampung, ehhh... ana maning,,, kaya kue terus... kaya neng sinetron bae... pwe menurutmu ri??"cuplis : "gyeh... nggawa senur bae, maring mburitan, terus nyemplung sumur... hahaha"richard : "hus...!! ngawur ko tah cup... cah gemblung ko tah.."cuplis : "hehehe... pancen,,, hahaha..."richard : "kyeh ... pada melu nyong yuh maring pedangan..."usro : "ngapa?"cuplis : "arep ngapa?? golet tali apa?? hehe.."richard : "gari melu bae ayuh,, aja brisik.. sedurunge inyong ngolihna ngomong..."usro & cuplis : "siap bos,,,!!"neng pedangan, richard nggodog banyu neng panci 3, terus njiot wortel, ndog, karo kopi bubuk...wortel di sog neng panci sing siji, panci sing keloro di sogi ndog, kopi bubuke di sog neng panci sing ke-telu.. kabeh di godong ngasi mateng...usro karo cuplis ndelengna thok kambi mikir-mikir apa kirane sing arep digawe neng richard...mbarang wis mateng,,,richard : "tulung jiotna piring telu cup..."mbarang wortel, ndog karo kopi wis diwadaih neng piring dewek-dewek, richard aseng maring mbale, usro nggawa piring isi wortel, cuplis nggawa piring isi ndog, richard nggawa piring isi kopi...richard : "kyeh sro, cup... rungokna... ngerti maksude aku nggodog wortel, ndog karo kopi ora??usro & cuplis : "ora..."richard : "kyeh... wortel, ndog karo kopi kue ws ngalami cobaan, digodog.. reaksine juga beda-beda, wortel sing mikine atos dadi lemes, ndog sing mikine cangkang tipise nggo njagani njerone sing isi banyu, dadi atos njerone, kopi sing mikine kur bubuk bisa ngrubah banyune melu ireng... lah.. lo termasuk sing ndi sro??"usro karo ucup meneng bae....richard : "wektu ko njalani angele urip, kodadi apa sro?wortel..? sing mikine atos, mbarang digodog, dicoba karo anane kesulitan urip malah menyerah, dadi lemes??apa dadi ndog..?? sing mikine nduweni ati lembut, mbarang digodog, dicoba uripe, sekang njaba katone pada tapi dadi atos atine??apa dadi kopi..?? bubuk kopi sing dicoba, ngalami digodog ngasi panas 100 drajat, tapi malah ndadekna tambah nikmat rasane??nek ko dadi kopi... wektu lagi angel-angeleurip, tapi ko malah dadi tambah apik, bisa ngrubah urip kye dadi katon sempurna.. nggawe keadaan tambah kepenak..."Usro : "ya... ya.. aku paham ri... maturnuwun wejangane... apik yakin... aku dadi tambah semangat kye uripe.."cuplis : "ya... yakin ri... ko pancen batirku sing apik temenan.. bangga aku dadi batirmu.. heheh"richard : "ya kaya kue lah anane batir... bisa nggo gendu2 rasa.."cuplis : "eh,,, tapi ngomong2 kye mayuh kopine disruput.."cuplis nyruput kopi sing neng piring....cuplis : "waduwh.... asem... pait deneng..."richard : "hahahaha...."usro : "kue urung di gulani bloon.... hahaha..."(asyiknya kebersamaan....)========================================20 Novembermelaluiselulercuplis : "kayong lesu temen sro,, byasa bae raine lah,, aja dgawe mbsungut kya kue.."usro : "ura mbsungut pwe lah cup, ben dinabisnise anggur, anggur2an bae, gaweane kya bos semen, semendean ben dina,, bosen nyong cup, oraha dnei pgwean ya dihhbur y kena kon mbsengute ilang.."cuplis : "ohoho... kya kue yah... tnang bae sro.. kro aku tah djamin mbsengute mari.. hehe.. gyeh, ak lg golet wong singglem dadi fto model,, kira2 sapa ya?"usro : "temenan apa?? aku ya kena, gelembnget kueh,, ora ketang tmpangku pas2an, tpi nek didandani bsa mirip thomas jhorgi lho.."cuplis : "haha.. wng tmpangmu ancur kya bkwan geseng koh jere mirip thomas jhorgi.."usro : "ee...h.. aja salah cup.. elek kya kye nanaha mantan fto model nyong,,"cuplis : "haha.. fto model tanggalan mbok? ak y ngerti lah.."usro : "tp kan lmayan tyeng nampang.. eh tpi kue miki, aku gelem ws lah dadi fto modele.."cuplis : "serius??"usro : "temenan... fto model apa jane?"cuplis : "foto model buku yasiin.. hehe.."usro : @&#!+*%?;%#%#'@++%@#&+*!*?*
Sekian yg dapat saya sampaikan...
mangan kupat karo santen
Menawi lepat kulo nyuwun ngapunten

Tidak ada komentar:

Posting Komentar